Minggu, 26 Februari 2017

Kopi Kuceng

WASPADA KOPI LUWAK PALSU...!!!
Hati" kalo bertamu

Bambang mertamu nang omahe Slamet disuguhi kopi.
Jarene Slamet kopine uenak tenan.... Bambang akhire nyruput kopi soale penasaran rasane...

Bambang : "Iki kopi opo tho yo..kok rasane rodo kecut..?"

Slamet : "Iku kopi istimewa, meh podo ambek kopi luwak sing larang regane iku."

Bambang : "Ooo..ngono tho, kopi opo jenenge..?"

Slamet : "Kopi Kucing,aku gae dewe.."

Bambang : "Opo iyo, kok jenenge Kopi Kucing.?"

Slamet : "Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak dhisek sak durunge diolah.
kopi kucing iki dipangan kucing sak durunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak iku, tapi ben gampang aku gae kucing ae.."

Bambang : "Kucing gelem mangan kopi tha, met?"

Slamet : "Sa'jane yo ora, kopine tak gerus kasar, trus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing."

(Bambang weteng'e wis mulai rodo mules..)

Bambang : "Terus, piye proses'e,...met....?"

Slamet : "Kopine kan metu bareng telek kucing, gerusan kopine disaring, dikumbah, terus dipepe sampek gariiiiiing, terus digiling maneh sampek alus..
Lha iki kebeneran awakmu sing pertama nyobak Kopi Kucing,
wong yo durung onok sing tak suguhi Kopi Kucing iki.
Aku dewe arep nyobak,ko yo ga kolu...
Piye rasane Kang Bambang,..?"

Bambang: ". diamput slamet........ asemmmm koweee.....ambek lambene ndower...ndower!!! Iki dudu Kopi Kucing, met......
Tapi telek kucing...
Slamet : ngguyu kemekel nang njero ati........ gegegegegrrrrr

BAGEKNO DAGELAN IKI, KONCOMU BEN GAK STRESSS.....                                        ������

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tentang hebatnya mengaji

Tentang hebatnya mengaji Ilmu Agama laksana air hujan menembus bumi, orang alim yang mengamalkan ilmunya laksana bumi yang subur. Orang yang...