Selasa, 14 Februari 2017

Prospek yg pingin usaha kuliner KULIT PISANG...

khusus kanggo ibu2... semoga bermanfaat.. Kulit gedang daripada dibuang eman², mendingan digawe cemilan

Carane :
SIAPNO BAHAN-BAHANE :
~ Kulit pisang jenis opo wae (luwih apik sing wis mateng, warna kuning) nggo nambah cita rasa    
~ Banyu kapur (enjet)
~ Jeruk nipis
~ 150 gram tepung terigu
~ 50 gram tepung sagu
~ 2 butir telur ayam
~ Gula pasir
~ uyah se-cukupe

CARA NGGAWENE :
~ Kulit pisang dikum karo banyu kapur nganti 2,5 jam
~ junjung terus ditirisna (di-tus ben kisat karo diangin-angino)
~ Tetesi banyu jeruk nipis ben aromane wangi

CAMPURNO:
~ Tepung terigu
~ Tepung sagu
~ Gula pasir
~ uyah
~ ndog pitik
~ Di-udek nganti roto
~ Cemplungno kulit pisang nang njero adonan... goreng nganti mateng

PENYAJIAN :
Nek wis mateng, dibuang wae soale ora enak blas nek dipangan!!!
Koyo kurang panganan wae, wong kulit gedang koq dipangan !!!
Ngirit...ya  ngirit, ning ya ojo koyo kuwi...
kurang gawean...
ndesooo....!!!

Ojo protes...
Tanggokuu wis njajal pancen ora enak.... BLASSSS```

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tentang hebatnya mengaji

Tentang hebatnya mengaji Ilmu Agama laksana air hujan menembus bumi, orang alim yang mengamalkan ilmunya laksana bumi yang subur. Orang yang...